Puisi Ngapak II : Aku Udu Sapa-sapamu

jan-jane aku kadang larangumpetna kangen sing nlusup nang ati
tapi ya kepriwe maning?
aku wis udu sapa-sapamu

jan-jane ya pancen ket miyen
aku wis udu sapa-sapamu
tekaku pada karo lungaku
ora tau dadi goletanmu

sing ana, aku sing nggoleti
ngalaih, ndisiti takon kabar
wis ora peduli maring sing jenengi gengsi
kadang ditanggepi, kadang dijorna
ya pancen wis biasa

Lewih-lewih siki,
aku tambah udu sapa-sapamu
koe wis bebas arep ngapa-ngapa
arep karo wadonan sapa bae ora ana sing kesuh
arep gandengan apa rangkulan ya ora ana sing nglarang

senajan aku kayane tesih duwe kangen
tapi aku wis ora arep ngapa-ngapa
aku pasrah meng takdire Gusti Allah
omongku, muga-muga sebebas-bebase koe
tetep tesih nang dalane Sing Duwe Jagat

@ruang jiwa, 070115

Komentar