Lunga! (Pusi Ngapak Version :D)

Lunga!

Koe! Sapa jane koe? /
Lunga teka sekepenakmu /
Tekamu ra tau ijin, apa maning pamit nek lunga/
Koe ngerti?/
Aku kesel /
Atiku kesel diwolak-walik ra genah /
Kadang koe teka, terus lunga ra ana kabare /
Ujarmu aku kiye apa? /
Terminal sing mung nggo transit? /
Aku menungsa, due ati due rasa /
koe ra bisa lunga teka sekepanake dewek /
lunga bae, lunga!/
nek tekamu mung gawe lara /
lunga bae, lunga! /
nek tekamu mung gawe nlangsa /
aku rila, aku ikhlas /
nek koe nemu wong liya maning /
luwih kepenak nggo aku, daripada atiku diwolak walik / \
siki wis sekarepmu / 
lungamu ra bakal tek goleti maning kaya mbiyen / 
nek koe teka maning, lawangku wis tak gembok rapet-rapet//

 (note : dadi wong sing wani tur aja plin-plan :p)

@ruang jiwa, 050115
my first poetry di 2015

Komentar